facebooklikebutton.co
Artikel

Riwayat Penerjemahan Quran ke Dalam Bahasa Jawa

Sasampunipun mangalembana ing Allah, Gustining sadaya ngalam, saha nyuwunaken nugraha utusan-Ipun ingkang minulya, Kanjeng Nabi Muhammad al-Musthafa saw. Nuwun, wiyosipun.

Kula, Djajasugita, sanajan wiwit alit  mila santri, saking tuntunanipun tiyang sepuh kula sarta dhidhikan pondhok pasantrèn, nanging sajatosipun, anggèn kula tumindak salampahing agami Islam punika, ngantos dumugi kiwa tengenipun taun 1915 kénging dipun wastani namung “anut ing grubyug ora weruh ing rembug.”

Saking Mahamurahipun Gusti Allah, wonten ngulama linangkung ing Kauman, Surakarta, asma K.H. Ahmad Hisyamzaini, aparing kadarman, nuntun kula salebetipun kirang langkung 4 taun. Ing ngriku, trontong-trontong kula wiwit sumerep dhateng agami Islam, sarta dipun sumerepaken ugi oreg-oreganing jagad Islam saking tuntunanipun Sang minulya Sayid Jamaluddin al-Afghani tuwin Syeh Muhammad ‘Abduh.

Ing taun 1920, kula angsal tuntunanipun K. H. Ahmad Dahlan, sesepuhing pakempalan Muhammadiyah ngantos dumugi sédanipun.

Wiwit tahun 1924 kula wiwit nyinau agami Islam saking kitab-kitab ingkang kawedalaken déning Ahmadiyah Lahore, Woking Muslim Mission & Literary Trust punapa déné Ashraf Publication.

Thukulipun? Sanget brangta kula nyebaraken tuwin ambélani Islam. Punika sebab ingkang ageng piyambak madegipun Gerakan Ahmadiyah Indonesia aliran Lahoré kala taun 1928.

Wiwit kala samanten ingkang kula pindeng boten wonten malih kajawi nyebaraken lan ambélani Islam. Boten mawi ngétang sayah lan kangèlan GAI aliran Lahoré ngedalaken kitab-kitab Islam ageng alit, kanggé ambabadi margi. Ingkang kathah mawi basa Walandi, awit kala samanten, para golongan “sekolahan” umumipun, ingkang langkung dipun senengi maos buku basa Walandi.

Kalampahan saged ngedalaken Quran Suci Jarwa Walandi Dalah Tafsiripun sarta De Religie Van Den Islam, inggih punika kitab ingkang sakalangkung pepak isinipun tuwin terang gamblang tumrap ingkang badhé nyumerepi saèstu dhateng agami Islam.

Sadhèrèk Jawi sampun gangsal atus taun anggènipun manjing Islam. Namung saking anon tiron tuwin saking tuntunanipun para Kyai. Sadèrèngipun Indonesia mardika, cacahing Kyai tuwin Pondhok Pasantrèn sangsaya suda, jalaran saking rekaosing panggesangan sarta akalipun pamaréntah jajahan. Éwadéné, ingkang akhir piyambak, cacahing Pondhok Pasantrèn boten kirang saking 40 èwu.

Ananging, umumipun sadhèrèk Jawi, boten saged ngalap paédah saking medalipun buku-buku kasebut ing nginggil, jalaran saking basanipun boten dipun mangertosi. Milanipun taun 1936 kula miwiti anjarwakaken Quran Suci Dalah Tafsiripun mawi basa Jawi, saking yasanipun Maulana Muhammad ‘Ali, wedalan ingkang ageng, tahun 1920.

Kala samanten  basa Indonesia dèrèng majeng. Ingkang wonten basa Melayu, ingkang drajadipun sami kaliyan basa Jawi: sami kanggé ing kalangan resmi, sami kanggé parepatan-parepatan tuwin ing serat-serat kabar. Gerakan Ahmadiyah pancèn kepéngin ngedalaken Quran Suci ing sawarnining basa.

Sadhèrèk M. Mufti Sharif, warga PB Ahmadiyah, jalaran saking samining idam-idamanipun kaliyan kula, mulung manahipun kalayan ikhlas kula ajak srayan anggarap padamelan ageng punika. Kula ingkang anggarap Quranipun, sedhèrèk M. Mufti Sharif ingkang anggarap tafsiripun dalah bubukanipun. Nanging kula kakalih tansah tulung tinulung bantu-binantu ingatasipun garapan punika.

Para sadhèrèk ingkang sampun naté nyobi anjawèkaken kitab saking basa manca, tamtu sampun ngraosaken angèlipun. Langkung-langkung manawi mawi ngangkah sagedipun dados basa Jawi ingkang pantes, utawi saé tuwin luwes.

Asring kémawon tiyang mrangguli jarwan ingkang sawatawis nalisir saking aslinipun, jalaran saking anggènipun ngangkah luwes; ukara tanduk dados ukara tanggap ingkang terkadhang sajatosipun boten perlu. Terkadhang dipun wewahi tembung ingkang ing aslinipun boten wonten, angkahipun supados langkung terang suraosipun.

Ngantos asring kémawon kula mrangguli Jarwan Quran ingkang sajatosipun sanès, nanging Jarwan Tafsir Quran. Wondéné anggèn kula anjawèkaken Quran, kula ambubudidaya ing sasaged-saged kula, sageda dados jarwan ingkang setya (getrouwelijke vertaling).

Kala-kala kapeksa perlu ngurbanaken pun luwes, perlu ambujeng pun leres. Tembung wewahan kula kurung.

Wonten malih angèlipun, inggih punika déné ing basa Jawi wonten unggah-ungguhing basa, kadosta basa ngoko, krama, krama inggil sapanunggilanipun, ingkang ing basa Arab boten makaten unggah-ungguhipun.

Kadosta Gusti Allah mangandikakaken imbal sabdanipun Kanjeng Nabi Musa kaliyan raja Fir’aun. Kanjeng Nabi Musa punika utusaning Allah. Raja Fir’aun ratu Ageng ingkang sanget anggènipun mengsahi Kanjeng Nabi Musa. Ing ngriku basanipun Kanjeng Nabi Musa kula damel krama, basanipun Raja Fir’aun kula damel ngoko. Jalaran kula mawi ngèngeti Kanjeng Nabi Musa punika Rasul, dados tatakramanipun mesthi jangkep, punapa déné kala timuripun kapundhut putra sarta dipun opèni wonten ing kadhatonipun.

Déné manawi bakunipun, Quran kula damel ngoko.

Anggèn kula anjarwakaken Quran mawi kula limbang-limbang mawi pinten-pinten jarwan, kadosta: R. Pangulu Tabshirul-Anam, Muhammad Amin bin Abdul-Muslim, Kyai Imam Bisri, Kyai Bagus Ngarfah, Muhammad Yunus, George Sale, E. H. Palmer, Rev. J. M. Rodwell tuwin sanès-sanèsipun. Pupuntoning panglimbang-limbang punika ingkang dados jarwan kula.

Kitab Bausastra, kula namung nganggé kalih inggih punika: H. Muhammad Fadlullah kaliyan Rev. Hava. Kala-kala nocogaken nganggé Mufradat Ar-Raghib. Bausastra Arab ingkang ageng kadosta Lisanul-Arab sarta Lane Lexicon kula ikhtiar ngupados, boten saged angsal. Paramasastra Arab ingkang asring suka pitulungan, inggih punika karanganipun Rev. G. W. Thatcher.

Ing wasana, saking pitulunganipun Gusti Allah, Ingkang-Mahamurah, Ingkang-Mahaasih ing taun 1948 copy sampun rampung babar pisan.

Ing taun 1947, kala samanten copy saweg mèh rampung, sampun thukul kajeng kula badhé nyithak. Nanging kados pundi? Babasan “kerot ora duwé untu.” Éwadéné Bismillah dipun wiwiti.

Sadhèrèk Ahmad Wongsosewojo, priyantun tulus, ingkang sanget gandrungipun tumut lalados dhateng Quran, sagah ngrampungaken ngetik copy ngantos samekta kacithak (persklaar).

Cobining pandamel saé! Taun punika Walandi nyerang Republik Indonesia. Sadhèrèk Ahmad Wongsosewojo kapeksa ngungsi saking Purwokerto, kalunta-lunta dumugi Ngayogyakarta, ugi Kediri. Salebeting pangungsèn gerah, copy boten kénging pisah saking sariranipun.

Wonten ing Kediri wiwit dipun tik. Boten saged rampung, jalaran gerahipun sangsaya rekaos. Malah salebetipun serangan Walandi ingkang kaping kalih 1948, copy tafsir surat 7, 13 dumugi 17 kabasmi. Gerahipun saya ngranuhi, kepeksa pindhah dhateng Madura.

Sarèhning sadhèrèk Ahmad gerahipun boten wonten mendhanipun milanipun kula lajeng kèngkènan murugi copy, kula simpen piyambak. Dangu boten kagarap jalaran dèrèng wonten sadhèrèk ingkang sagah nyamektakaken badhé kacithak.

Wasana pitulunganing Pangéran rawuh. Sadhèrèk Muhammad Singgih kapareng mituruti panyuwun kula sakanca Ahmadi sadaya, nyamektakaken copy badhé kacithak. Riribed sarta kangélan tuwin alangan sapinten-pinten ingkang kedah dipun birat. Gusti aparing kakiyatan jasmani lan ruhani dhateng sadhèrèk Muhammad Singgih. Ing wasana alhamdulillah copy saged samekta kacithak.

Boten namung punika padamelan ageng ingkang dipun tandangi sadhèrèk Muhammad Singgih kalayan sabar, telatos lan tliti. Wonten malih ingkang boten kirang awrat lan agengipun, inggih punika korèksi cithakan Quran dalah tafsiripun wau.

Sadhèrèk Soedewo ingkang nindakaken ikhtiyar ngupados margi sagedipun Quran Suci Jarwa Jawi Dalah Tafsiripun saged kalampahan kacithak, kalayan sawarnining pambudi-daya. Berkahing donganipun tiyang tulus ikhtiyaripun saged kasil.

Ngantos nglantur anggèn kula anjlèntrèhaken “lalampahanipun” Quran punika. Pangangkah kula sageda angyakinaken para maos, kados pundi panodhinipun Gusti dhateng anteping kawula-Nipun, ingkang niyat nindakaken pandamel saé. Sinten ingkang kuwawi katodhi inggih “lulus ujianipun.”

Tiyang ingkang kalayan tuhu-tuhu niyat anucèni gesangipun sarta adhedhepé baktinipun ing Gusti nyuwun pitulungan-Ipun, tinebihna saking pandamel cacad tuwin ulah carobo, badhé saged “anggepok” Quran Suci. Awit namung ingkang sinucèkaken ingkang purun (saged) anggepok Quran. Pancèn Quran punika tuntunan tumrap tiyang ingkang bakti, anjagi dhiri saking awon. Tiyang ingkang angsal tuntunan kados makaten punika badhé saged dados lantaran rahayuning kamanusan.

Punika sabab ingkang enggel déné Ahmadiyah gadhah sedya ingkang kiyat badhé anjarwakaken Quran Suci ing sawarnining basa. Kula mangertos sapinten drajat saha pangaosipun Quran jarwan. Saèstu boten saged sami kaliyan ingkang asli. Jarwan punika tetep jarwan, sanès asli, sanajan anggènipun anjarwakaken kalayan setya-tuhu; jiwanipun ingkang anjarwakaken tebih nyamut-nyamut saking ingkang astanipun sinuci anampèni tumuruning Quran Suci.

Saèstunipun, tiyang ingkang kawarna ing nginggil punika, kedahipun salulup piyambak dhateng telenging samudra Quran Suci, boten cekap namung lulumban ing blumbanging jarwan. Milanipun Quran ingkang asli kadamel jèjèr kaliyan jarwanipun. Kawuningana.

Ing ngriki kula rumaos perlu ngaturaken panuwun mawantu-wantu dhateng para sadhèrèk, ingkang kalayan ikhlas tumut ambudidaya, ngantos kalampahanipun Quran Suci Jarwa Jawi Dalah Tafsiripun saged medal lan sumebar ing ngakathah, kadosta: Sadhèrèk Ahmad Wongsosewojo, Muhammad Singgih, Soedewo, lan sanès-sanèsipun taksih kathah, ingkang boten kula sebutaken asmanipun ing ngriki.

Kula, Djajasugita, piyambak, kapéngin anglairaken genging panarimah kula dhateng sémah kula, ingkang sampun amitulungi kula salebetipun kula anggarap Quran, kalayan legawa, sarana anyadhiyakaken sadaya kabetahan kula, punapa déné ananangi manah kula samangsa badhé pepes.

Sadaya punika kula pasrahaken ing Gusti, ingkang saèstu Mahawikan, Mahawelas, Mahaasih

Mugi-mugi Quran Suci Jarwa Jawi Dalah Tafsiripun punika dadosa sumbangsih dhateng kamanusan sadaya, anyagedaken patitising pamilih-dhateng karahayon, punapa déné saged ambirat sawarnining gugon-tuhon, inggih gugon-tuhon kina tuwin gugon-tuhon modérn.

“Dhuh Allah, Gusti kawula, Ingkang-Mahamurah, Mahaasih, Mahaparamarta, mugi Tuwan kapareng ambarkahi pandamelan kawula punika. Kawula sampun angrumaosi cingkranging ngèlmu kawula, tipising bakti kawula, saha kawula inggih sampun anglenggana dhateng kuciwaning pandamelan kawula. Ananging kawula inggih yakin, bilih Tuwan saèstu anglubèraken pangaksama lan sih, amargi Tuwan punika Ghafûrur-Rakhîm.

Mugi Tuwan anjawahaken nugraha lan rahayu dhateng Nabi Panutan kawula, Nabi Panutup, Kanjeng Nabi Muhammad al-Musthafa saw., lumèbèripun dhateng kulawarga saha para pandhèrèkipun dumugi dinten kiyamat. Wasana wekasaning atur kawula: Sadaya pangalem-bana kagunganipun Allah, Gustining sadaya ngalam.”

 

Ngayogyakarta – Surakarta, taun 1954 (1373 H).

Ng. Djajasugita & M. Mufti Sharif

 

_______

Dikutip sepenuhnya dari Pengantar Quran Djarwa Djawi, Diterbitkan oleh Darul Kutubil Islamiyah, Cetakan Tahun 2001

 

 

Comment here